Sabtu, 20 Mei 2017

Pengertian Sesorah dan contohnya



Halo Sahabat bloger masih bersama saya Bang Henu kali ini, saya masih membahas tentang pelajaran Bahasa Jawa karena ini adalah tugas akhir dari guru bahasa jawa, langusng aja ya sahabat.
 
A.Pangerten Sesorah
Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.

b. Metode-metode Sesorah :
1. Metode maca sawutuhe, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2. Metode hafalan, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3.Metode pandom lajer, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4.Metode impromptu (dadakan), yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.

C.  Jinis-jinising Sesorah :
1.      Sesorah miturut ancase (tujuan) :
  • Menehi informasi / pemanggih. 
  • Menehi panglipur.
  •  Kanggo pangajak-ajak.
2.      Miturut kahanane sesorah :
  • Sesorah resmi
  • Sesorah setengah resmi.
  • Sesorah ora resmi.

3.      Miturut pendekatan isine sesorah :
  • Sesorah intelektual.
  • Sesorah moral.

D. Cengkorongan / kerangka sesorah :
1.      Salam pambuka
2.      Purwaka (pambuka)
  • Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)
  •  Atur puji syukur
  • Atur panuwun
3.      Isi (surasa)
4.      Dudutan / wigati / ringkesan
5.      Pengarep-arep
6.      Panutup (wusana)
7.      Salam panutup

 E. Ancasing Sesorah/Tujuan Sesorah

1)     Atur Pambagyo, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

2)     Atur kabar/paring informasi,yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

3)     Atur pangajak,yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah.

4)     Panglipur, yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

5)     Atur panyarue/ngemutake, nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

F. Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

1.       Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

2.       Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

3.       Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

4.       Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

G.  Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

1.       Polatan mbesengut(terlihat marah)
2.       Gugup(nerveous)
3.       Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4.       Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5.       Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6.       Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7.       Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8.       Tangan methentheng
9.       Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10.   Ngupil

kapetik saking http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/sesorah-yaiku-materi-basa-jawa.html?m=1

I.Contoh Sesorah:

      Assalamualaikum.wr.wb

  Dhumateng ngarsanipun Bapak Kepala sekolah saha Bapak /Ibu guru ingkang pana ing pamawas saha lebdo ing pitutur ingkang dahat kinormatan.Sumrambahing kanca-kanca sutresno ingkang satuhu luhurung budi.

  Langkung rumiyin sumanggo sami manengku pujo jati dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT dene kita sedaya taksih pinaringan kraharjan saha krahayon.Katitik wonten kalodangan enajang puniko kulo dalasan panjenengan sedaya saged makempal wonten in SMPN 3 GODEAN wonten ing rubeda.

  Bapak/Ibu guru saha  kanca-kanca sutresno,saben-saben suryo kaping 17 Agustus bangsa kita bangsa Indonesia tansah mengeti dinten agung inggih punika dinten kamardikan.

  Kamardikan bangsa menika saged kagebeng bangsa Indonesia awit saking wontenipun persatuan saha kesatuan para pejuang anggenipun perang ageng ngusir bangsa welanda saha bangsa Jepang saking bumi Indonesia.

  Kanthi rahmating gusti Allah.Para pejuang bangsa Indonesia saged ngerebut kamardikaan menika saking bangsa sanes.Saklajenengipun kamardikan menika kabiwaraken 17 Agustus1945 kaliyan Presiden Sukarno/Moh.Hatta.Bangsa saindening bawana lajeng mangertos bilih negari Indonesia sampun mardika.

  Bapak/Ibu guru ingkang kulo hormati ,katah para pejuang ingkang berjuang ngantos dumugi seda belani negari.Pramila sumangga sesarengan kita lajengaken punopo ingkang dados perjuanganipun para pahlawan wonten ing jaman merdika menika kita berjuang mboten ngusir penjajah ananging kita berjuang kanggo memerangi saha ngusir kemiskinan lan kebodohan saking bumi Indonesia.

   Mbok bilih cekap semanten atur nyuwun pangaksomo.Sumangga kita pungkasi kanthi ngeningaken cipto mugi amal kesaenipun para pahlawan tinampi dening gusti Allah saha bangsa Indonesia tansah pinaringan tata titi tentrem kertoraharjo.

Wassalamualaikum.wr.wb

Matur nuwun

 
 Terima kasih Sahabat bloger telah mengunjungi blog saya dan sampai jumpa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar