Halo Sahabat Bloger masih bersama saya Bang Henu, kali ini saya masih membahas tentang pelajaran Bahasa Jawa karena ini tugas akhir dari guru Bahasa Jawa.Langsung aja dibaca Sahabat.
Pawartos inggih
menika pelaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi
kadadosan kasebat.
Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (wonten pundi), Why (kenging menapa), lan How (kadospundi). Tegesipun inggih menika sinten ingkang tumindak, menapa ingkang dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kadospundi caranipun.
Pawartos menika
minangka kadadosaan ingkang dipunwartakaken. Pawartos menika saged arupi lesan
utawi tulisan. Lesan ategese pwartos menika saged dipunwartakaken dening tiyang
sanes kangge pamiyarsa lumantar swara. Lesan adatipun dipungiyaraken lumantar
radio, TV utawi dipunwaos lugas. Seratan pawartos menika limrahipun kapacak
wonten ing kalawarti.
Wonten pinten-pinten
jinis pawarto, inggih menika:
·
Pawartos langsung (Straight news)
·
Pawartos mendalam (Depth news)
·
Pawartos Opini (Opini News)
·
Pawartos Photo
Struktur panyeratan
pawartos menika:
- Irah- irahan (head)
- Baris tengah (dateline)
- Teras pawartos (lead)
- Wos pawartos (body)
Perangan ingkang
nemtokaken bobot biji pawarta, inggih menika:
- Aktualitas
- Sesambetan kaliyan papan kedadosan
- Sesambetan kaliyan unsur- unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan.
- Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/ pamirsa.
- Jangkepipun pawarta
Ingkang perlu
dipungatosaken nalika mirengaken pawarts utawi informasi inggih menika:
- Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
- Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati.
- Nyathet informasi ingkang leres saha premati.
Contoh berita berbahasa jawa:
Solo, www.jogjatv.tv – Pahargyan warsa enggal Imlek ing Surakarta utawi gumelaring Solo Imlek Fair, dipun punjeraken ing tlatah Peken Gedhe Hardjonagoro. Papan gumelaring kridha rinengga lampion, masyarakat ugi dipun lipur maneka seni saking negeri tirai bambu, antawisipun shufa utawi Kaligrafi Tiongkok.
Shufa inggih saking tembung Shu ingkang tegesipun tulis dene Fa tegesipun cara. Cekakipun shufa inggih seni nulis tradisional Tiongkok ingkang nengenaken kaendahan sarta kandel lan tipisipun seratan. Ing jaman kawuri, kesenian umur 6.000 taun kasebat ngginaken deling, nanging anut pangrembakaning jaman, shufa samangke ngginakaken media kertas. Sedaya media ingkang dipun ginakaken kangge damel shufa dipun sebat Empat Mustika Kamar Belajar, inggih punika kuas, kertas, tinta bak lan batu tinta. Sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair masyarakat saged ningali seni shufa punika kanthi lelahanan. Warga saged nyerat dhateng kertas, salajengipun para Anggota Majlis Agama Konghucu Indonesia (Makin) ingkang badhe njlentrehaken Tapsir Tiongkok lan dipun serat dados shufa. Sedalu para Anggota Makin saged damel atusan seratan, antawisipun nama pawongan, pitutur lan piwulang Nagari Tiongkok.
Pangrembakaning seni nulis kawiwitan Aksara Zhuan Shu, amakili gaya kaligrafi Dinasti Qim. Seni kasebat ngrembaka dados Li Shu ing jamanipun Dinasti Han, lajeng gaya Kai Shu, Cao Shu lan Qing Shu. Seratan sufha beda kaliyan aksara latin, awit anggenipun maos mangandhap. Ingkang asring sinerat salebeting shufa inggih Piwulang Tiongkok bab naga lan Phoenix, pralambang sih katresnan.
Menawi panjenengan kepingin dipun damelaken shufa, panjenengan saged dhateng ing lantai kalih Peken Gedhe iring kilen, wiwit jam 16.00 WIB ngantos jam 21.00 WIB, sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair. Shufa punika dipun cawisaken kanthi lelahanan minangka program memetri Kabudayan Tionghoa. ( Heru Kristyanto)
Terima kasih telah berkunjung ke blog saya dan sampai jumpa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar